Ahad, 23 Mac 2014

LATIHAN BOSO JOWO

Latihan boso jowo.....

"Ono unen-unen"
Kalah dadhi awu....Menang dadhi areng

Maksute opo nduk..??

Jas bikak iket blangkon "ROMO"....
"Mboten wonten ingkang kalah ugi mboten wonten ingkang menang"

Bilih mresani ringgitan....(sanes ringgit Malaysia lho "ROMO") Ngendhikane poro DALANG wancine..."GORO-GORO" ingkang paring lakon...GONJANG GANJING ING TAMAN ASMORO

Sampun kalebet wonten paribasan....
Yen getun niku tansah manggen wonten wingking tho "ROMO"..??

Bener gunemanmu nduk...mulo luweh becik wong setiti lan ngati-ngati....
Sejatine ono opo tho nduk..??

Lha inggih meniko "ROMO"....
Wedal meniko setiti kesah dateng pundi....
Ngati-ngati wonten namung ing lathi.....
Lamis ing janji....
Ndamel kuciwaning ati....

Bloko suto wae tho nduk.....
Ojo mulek koyo jegul ....

Sampun "ROMO" kulo sampun matur uneg-uneg kulo....

Byar pet...byar pet...namung ramang-ramang....
Sakmeniko kulo sampun gamblang....
Sejatosipun tiyang gesang.....
Merlokaken rencang......

Sak derenge kulo pungkasi tembung
Monggo "ROMO" gemujeng sareng-sareng...

"SUGENG ENJANG"




Tiada ulasan:

Catat Ulasan